![]() |
Foto : Istimewa |
Lenterajogja.com, Yogya - Berdasarkan informasi yang berhasil dihimpun tim lenterajogja dalam analisa observasi kehidupan orang jawa secara sehari-hari, Jum'at (12/5/2017). Orang jawa mempunyai ciri-ciri sebagai berikut :
- Yèn tangi turu njur ngadek seméndhé ning lawang, trus kukur² bokong. Iki genah rituale wong jowo yèn tangi turu.
- Yèn pas mangan wés disediani mejo kursi trimo ndodok karo nyonggo piring trus mangané muluk nganggo tangan, iki genah kebiasaané mangan wong jowo.
- Yèn lagi numpak motor ban é nggembos merga bocor njur mandek, ban motore di plènèt-plenet trus ngomong: “ban é bocor” iki genah wong jowo.
- Yèn gaya turune methanthang ngaplang-ngaplang karo ngelèr weteng, iki genah gaya turune wong jowo.
- Yèn awan-awan sumuk kringeten, bukak klambèn trus di damu kèlèké, iki genah wong jowo.
- Yèn lagi uthik-uthik upil, trus upilè garing di plintir-plintir nganti bentuk bal bunder, opo yen upile teles, njur dislenthikno nanging isih tetep nemplek neng driji, iku genah upilé wong jowo.
- Yèn lagi klèru, dikandani wong liyo trus kukur-kukur sirahe sing ora gatel, upomo ora duwe sirah kadang nyileh sirahe sing ngandani, iku genah polahé wong jowo.
- Yèn lagi ndodok ning ngisor uwit, trus métani tumo banjur yèn éntuk terus di klethak tumone, genah wong jowo.
- Yen lagi ketiban apes opo ciloko, mesti isih ngomong: "yo untunge" iki genah tembunge wong jowo.
- Yèn rampung kukur-kukur kèlèk, njur diambu, trus muni: “kuecuut" karo gebres-gebres iku genah wong jowo.
- Yèn lagi ngéyup pas udan, trus tangané diathung no neng ndalan, njur muni : “isih udan” iki genah cirine wong jowo.
- Yen rampung ngentut truss diambu-ambu dewe, njur ngomong: “uwambunee”, rampung kuwi ngguyu kepingkel-pingkel ngerti nek kancané semaput ngambu entuté, kuwi, genah wong jowo.
- Yèn pas mangan, ono upané mencelat siji metu soko piring trus dijumput karo muni “eman-eman rung mang menit" iki genah wong jowo.
- Yen wis ngerti midak telek, njur didemok terus diambu, kui genah yo wong jowo...
- Yen lagi maem ra dientek ke banjur mbok e omong, kudu dientekke nggko pitik e mati lho, kuwi genah mboke wong jowo tulen.
(ISD)